Rabu, 22 Mei 2019

KEUTAMAAN BULAN ROMADLON I



Hadirin jamaah jum’at ingkang berbahagia.
Monggo kito selalu meningkatkan taqwa lan taat kito dateng ngersanipun Allah SWT. Kanthi nglampahi sedoyo perintah2ipun Allah SWT .lan nebihi sedoyo larangan2anipun.Lan mongggo kito selalu mensyukuri nikmat-nikmat ingkang sampun dipun paringaken dateng kito sedoyo ingkang arupi kesehatan,kesempatan berbuat ingkang sae terutama nikmat berupa iman meniko.
Hadirin jamaah jum’at ingkang berbahagia.
Sekedap male kito bade mlebet bulan ingkang mulyo inggih meniko Bulan Romadlon.bulan ingkang penuh Rohmat,penuh ampunan ,dan penuh keberkahan.Saking mulyani bulan bulan meniko sinten ingkang merasa senang ,bahagia atas datangnya bulan Romadlon mongko tiang niku haram melebet Neroko.Kados dawuhipun Rosululloh SAW.
من فرح بدخول رمضان حرم الله جسده علي النيران 
Sinten kemawon ingkang merasa bahagia /senang dengan datangnya bulan Romadlon maka allah mengharamkan jasadnya masuk neraka.
Padahal ini nembe merasa senang dengan datangnya bulan romadlon sampun diharamkan mlebet neraka nopo male purun nglampahi kesahenan kesahenan.ini sebagai tanda atas mulyane wulan meniko.Bulan ini penuh Ampunan,asalkan purun ngucap istighfar mawon insyaalloh sedoyo dosa2 dipun ngapunten dening Allah.
Hadirin jamaah jum’at ingkang berbahagia.
Nabi Musa As. Bergelar Kalimulloh ingkang artosipun Tiang ingkang saget berbicara langsung dengan Allah nate Matur dateng ngersane Alloh SWT. Wonten ing munajate : Ya Allah panjenengan maringi kemulyaan dateng kulo sehinggo kulo saget mendengar kalamme panjengan,Nopo wonten tiang lintu selain kulo ingkang panjenengan paringi kemulyaan kados mekaten? Allah menjawab : Hai Musa ,saktemene aku duwe hamba-hamba ingkang muncul besok akhir zaman,Hamba2ku iki tak paringi kemulyaan kelawan bulan romadlon,aku luweh parek nang hamba2ku iki dari pada marang sliramu.Musa ,Naliko aku (Allah SWT) berbicara marang sliramu  iku  ono penghalang hijab akehe 70rb hijab ,ananging ketika ummat Muhamad SAW,berpuasa  ono ing bulan romadlon iku kabeh hijab/aling aling meniko tak angkat kabeh.Mekaten percakapane Nabi Musa kale Allah SWT.Dados karena boten wonten aling2 antara hamba ingkang puasa kelawan Allah maka berdo’a pada waktu bulan romadlon insyaallah mustajabah.
Hadirin jamaah jum’at ingkang berbahagia.
Dipun ceritakan wonten ing hadits mekaten”bahwa ketika datang bulan Romadlon maka Arsy,Kursy,poro malaikat lan sedoyo makhluk sami ngucap Sungguh beruntung ummat Muhamad karena kemulyaan mereka disisi Allah ,Matahari,bulan,bintang burung2 diudara,ikan2 di laut sedoyo memintakan ampunan untuk ummat nabi muhamad meniko.
Hadirin jamaah jum’at ingkang berbahagia.
Terkait kale bulan Romadlon meniko Rosululloh SAW,ngendiko mekaten :
الجنة مشتاقة الى اربع نفر :تالي القران وحافظ اللسان ومطعم الجيعان والصائمين في شهر
 رمضان
Kanti Bulan ingkang mulya meniko mugi2 kito sedoyo saget nglampahi kesaenan ,ngatah2aken maos alquran lang angsal barokahipun bulan romadlon,sehinggo saget sareng2 mlebet suarganipun Allah SWT,Amin……….
باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ 
رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
Bisa  anda dengarkan Tausiyah keutamaan bulan Romadlon oleh KH.Maimun Zubair.Pengasuh Pondok Pesantren Al-Anwar Sarang Rembang Jateng

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Konten artikel berkwalitas

  Mediakonten.id adalah perusahaan yang bergerak dalam bidang penyediaan jasa artikel SEO berkualitas yang telah dipe...