Rabu, 24 Juli 2019

HAJI MABRUR


Haji Mabrur
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ  اللهِ وَبَرَكَاتُهْ
اَلْحَمْدُ ِللهِ  اَلْحَمْدُ ِللهِ  الَّذِي جعل الحج الى بيته الحـرام  من أركان َاْلإِسْـلاَمِ* أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ   المـلـك الـقــدوس الســلام * وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صــاحـب المــقـام وخـاطب الأمم *  أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ * صَلاَةً تَشْفِيْنَابِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ* وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ* أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ* تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ* فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ  : أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ولوا ان اهل
 القري امنوا واتفوا لفتحنا عليهم بركات من السماء والارض ولكن كذبوا فاخذناهم بما كانوا يكسبون


Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Monggo kito sami sareng2 netepi taqwa lan taat dateng ngersanipun Allah SWT ,kanti nglampahi sedoyo kewajiban-kewajiban ingkang sampun disyariatataken arupi sholat lima waktu lan lintu2 nipun,ugi nilar lan nebihi sedoyo larangan2 Allah SWT.Sebab kanti taqwa meniko insyaallah Allah akan menurunkan rohmatNya .sehingga dadosaken gesang kito wonten dunyo meniko gesang ingkang bahagia ,cukup sandang pangan,makmur.Dalam alqur’an diterangaken ,beleh seandainya sedoyo penduduk desa niku beriman lan bertaqwa mongko Allah SWT. bakal mbuka barokahipun deso meniko saking langit lan bumi .ananging karena perbuatan manusia sendirilah sehingga Allah menurunkan adzab dan siksanya.
Kados dawuhipun Allah SWT.
ولوا ان اهل القري امنوا واتفوا لفتحنا عليهم بركات من السماء والارض ولكن كذبوا فاخذناهم بما كانوا يكسبون   
Artinya : Dan sekiranya penduduk negeri beriman dan bertakwa, pasti Kami akan Melimpahkan kepada mereka berkah dari langit dan bumi, tetapi ternyata mereka mendustakan (ayat-ayat Kami), maka Kami Siksa mereka sesuai dengan apa yang telah mereka kerjakan.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Saudara-saudara kito wonten ing lombok sak meniko mengalami musibah arupi gempa ,sehingga kathah saudara-saudara kito ingkang meninggal,kathah ingkang kehilangan keluarga bahkan ingkang paling kathah inggih meniko kehilangan rumah dan tempat tinggal.Kito doa kan mugi mugi sedoyo sederek kito wonten ing Lombok diparingi kesabaran,ingkang kehilangan tempat tinggal segera angsal ganti ingkang sae. Lan segera bebas saking bencana meniko.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Menawi kito ningali sejarah umat umat zaman dulu bele adanya musibah ,bencana adalah karena perbuatan manusia sendiri .mereka jauh dari Allah mereka tidak mau mentaati perintah Allah dan Rosulnya ,bahkan mereka musyrik pada Allah.adanya gempa dan bencana yang terjadi di Lombok ,monggo kito dadosaken peringatan ,kito dadosaken tadzkiroh ,kito dadosaken pengiling bele kalau Allah menghendaki sesuatu terjadi  pasti akan terjadi mumpung musibah meniko mboten menimpa dateng kito sedoyo ,mugi2 mawon mboten terjadi ten daerah kito .dan tidak menutup kemungkinan itu bisa terjadi sebab menurut informasi dari ahli Badan meteorology dan geofisika bahwa pulau Indonesia mulai dari sumatera sampai papua meniko dikelilingi titik titik api yang menjadi penyebab adanya gempa.pramilo supados gempa bencana itu tidak terjadi didaerah kito monggo kito segera bertaubat ,kanti ngatah ngatahaken maos istighfar,kanthi memenuhi sedoyo kewajiban2 syariat agami lan ninggalaken larangan-larangan agami.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Sakmeniko kito taseh wonten ing wulan dzulhijjah ,wulan haji.kito dunga sareng sareng mugi mugi Derek Derek kito ingkang sampun nglampahi haji dipun paringi haji ingkang mabrur ,lan ingkang dereng berangkat mugi mugi mawon diparingi enggal enggal saget berangkat.berkaitan kaleh haji ingkang mabrur ,meniko wonten cerios mekaten.Dipun ceritaaken dening Syeh Abu Abdurrahman Abdullah bin Al-Mubarok al Hanzhali .ingkang terkenal naminipun ibnul Mubarok.Sak sampunipun piyambake nglampahi ritual ibadah haji ,piyambake tertidur bermimpi ningali malaikat turun saking langit ,beliau mirengaken percakapane 2 malaikat niki.piyambake naangis kanti sanget  ,sebab kepireng percakan niku. terose malaikat niku wau bele  sedoyo tiang ingkang haji niki boten wonten ingkang ditrami.namung setunggal tiang ingkang ditrami hajinipun (mabrur) tiang niki dereng berangkat haji.Tiang niku namine sa’id bin muhafah seorang tukang sol sepatu wonten ing kota Damaskus syiria.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Saksampunipun nglilir ibnu mubarok wangsul tapi boten ten griyo nanging menuju syiria madosi tukang sol sepatu niku wau.Sedoyo tukang sol sepatu ditangleti nopo wonten ingkang namine Said bin Muhafah boten wonten ingkang semerap,akhire tiange kepanggeh wonten ing pinggiran kota.begitu kepangge ditangleti jawabe tukang sepatu niku “panjenengan niku ulama’ terkenal lanopo kok manggei kulo yang hanya seorang tukang sepatu ingkang mekaten “.Ibnu mubarok nyritaaken mimpine kolo wau.Kulo kepingin semerap panjenengan niki gada amalan nopo wong dereng berangkat haji kok sampun angsal pahala haji mabrur.Akhire said bin muhafah bercerita.Bele setiap ,musim haji meniko said bin muhafah menangis kepingin berangkat haji nanging boten gadah arto damel berangkat ,sejak niku pyambake menyisihkan hasil kerja sol sepatu ,sedikit demi sedikit sampai puluhan tahun akhire terkumpul arto 350 dirham sampun cekap kangge berangkat haji.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Piyambake sampun siap berhaji nanging boten sios berangkat sebab garwane lagi hamil lan nyidam,.garwane niki mambu masakan ingkang harum lan enak ,Said bin muhafah  dikengken madosaken masakan lan nyuwun sekedik masakan niku wau .begitu dipadosi ternyata masakan niki saking gubuk ingkang reyot wonten ing pinggir deso. ing gubug niku Wonten seorang janda lan  yogane jumlae 6  .Said bin muhafah nyuwun sekedik boten angsal.ditumbas  boten angsal ,disade pinten mawon kulo tumbas sebab istri kulo niki nyidam masakane panjenengan,sanjange Said.Nanging tetep boten diparingi.Sambil menangis sang janda niki matur “berapapun tuan tumbas boten kulo sade ,sebab masakan daging niki halal kangge kulo tapi haram kangge panjenegan”.Lanopo ?” sebab sampun pinten pinten dinten niki kulo boten nedo amergi  boten gada nopo2.lha niki wau wonten keledai mati kulo pundut daginge sekedik kulo masak ,menawi boten nedo niki kulo lan anak2 kulo bakal mati kelaparan.mulane masakan niki halal kangge kulo nanging haram kangge panjenengan.Saksampunipun kepireng cerios niku said bin muhafah langsung mantuk lan  memasak lajeng diparingaken dateng  janda niki ,ugi arto ingkang badhe damel berangkat haji meniko diparingaken sepindah kersane didamel modal damel usaha.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Senaoso said meniko dereng berangkat haji ananging sampun angsal pahala haji ingkang mabrur. Said bin muhafah meniko nglampahi kesaenah ingkang sampun sesuai kale Dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
وَعَنْ جَابِرٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ  عَنْ رَسُوْلِ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ  قَالَ: َالْحَجُّ الْمَبْرُوْرُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ اِلاَّ الِجَنَّةَ. قَالُوْا : يَا رَسُوْلُ اللهِ, مَا بِرُّ الْحَجِّ؟ قَالَ: اِطْعَامُ الطَّعَامِ , وَاِفْشَاءُ السَّلاَمِ خَرَجَهُ اْلأِمَامُ أَحْمَدُ  
Hadits dipun Riwayataken saking sahabat  Jabir saking Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam, panjenenganipun dawuh  :“Hajji mabrur ora ona piwlese kejaba  suarga”
Para shahabat sami tanglet : Duh Rasulullah, menapa  kemabruran hajji punika  ?
Rasulullah njawab: Seneng aweh pangan lan  nyebarake salam. (HR.Imam Ahmad).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,  
Kanti cerios mekaten saget kito ambil faidah,
1.     bele kangge tiang ingkang dereng berangkat haji seyogyanya selalu nggada keinginan untuk berhaji,perbanyaklah berdo’a agar bisa berhaji terutama pada musim haji barangkali do’a lan keinginan  meniko panggilan Allah  yang akan terjadi di tahun yang akan datang.
2.     Yang menjadikan haji diterima oleh Allah bukan karena harta yang banyak ,tetapi taqwa lah yang menjadi modal utama untuk menjadi haji yang mabrur.
3.     Bele Bersedekah merupakan kunci  tercapainya segala sesuatu
Mugi2 kito sedoyo dalam pertolongan lan petunjuk Allah sehingga saget nglampai perintah2ipun kanti sampurno.Amin ya robbal alamin



جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ  *  وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ  *  وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ *
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Konten artikel berkwalitas

  Mediakonten.id adalah perusahaan yang bergerak dalam bidang penyediaan jasa artikel SEO berkualitas yang telah dipe...