Kamis, 08 Agustus 2019

KEMULYAAN BULAN DZULHIJJAH



اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهْ

اَلْحَمْدُ ِللهِ اَلْحَمْدُ ِللهِ  الَّذِي فَضَّلَ اْلأَشْهُرَ اْلحَرُمَ وَاْلأَوْقَاتِ وَاْلأَيَّامَ$  أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ اْلقُدُّوْسُ الْسَلاَمُ$ وَاَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اْلمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلاْنَاَمِ$ اَللَّهُمَّ صَلِّى وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ سَيِّدِ الْعَرَبِ وَالْعَجَمِ $ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ كَالنُّجُوْمِ فِي الظَّلاَمِ$ وَالتَّابِعِيْنَ تَابِعِهِمْ بِإِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامِ$ أَمَّابَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَا اللهِ الْخَالِقِ الْعَلاَّمِ$ بِاْلعِبَادَاتِ وَالذِّكْرِ وَالدُّعَاءِ وَالصِّيَامِ $فِي أَيَّامِ عَشَرِهَذَا الشَّهْرِ اْلحَرَمِ $ تَدْخُلُ الْجَنَّةَ دَارَ السَّلاَمِ$قال الله تعالي : وَالْفَجْرِ -١- وَلَيَالٍ عَشْرٍ -٢- وَالشَّفْعِ وَالْوَتْرِ -٣- وَاللَّيْلِ إِذَا يَسْرِ -٤- هَلْ فِي ذَلِكَ قَسَمٌ لِّذِي حِجْرٍ -٥-
Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Wonten kesempatan ingkang sahe puniko, monggo kito sareng sareng ningkataken anggen kito taqwo dateng ngerso dalemipun Alloh SWT,  kanti senantiasa berusaha nglaksanaaken printah printahipun,  lan nilar soho nebihi awisan awisanipun, sebab taqwo meniko merupakan kunci kebahagiaan, kunci keslametan, lan kunci kesuksesan kito, baik dunyo maupun akhirat, lan kanti taqwo kito sedoyo bade dipun paringi drajat ingkang luhur, lan bade angsal prediket luwih mulyo mulyoni menungso.

ان اكرمكم عندالله اتقاكم
Ingkang artosipun :
Ing setuhune luwih mulyo – mulyo siro kabeh mungguhe allah yo iku luwih taqwo – taqwone siro kabeh
Selajengipun monggo kito ngatah ngatahaken ngucapakaen syukur dateng ngersanipun Allah atas sedoyo limpahan rahmat lan nikmat dateng kito sedoyo,nikmat nikmat meniko baik berupa umur ingkang panjang ,kesehatan kesempatan lebih lebih nikmat iman lan islam meniko sehinggo kito sedoyo saget nglampahi ibadah sholat jum’at kanti aman lan khusyu’.menawi kito mirengaken berita beleh sederek sederk kito wonten ing pantai selatan ,daerah lampung,Banten,pandgelang lan lintu lintunipun .piyambake boten saget tenang anggenipun ibadah  amergi kuater kengeng bencana gempa.kito sedoyo meniko wonten pesisir ler alhamdulillah mugi mugi mawon mboten wonten gempa kados derek derek kito.Pramilo raos syukur kito kedah kito ucapkan sak katah katahipun.sebagai bentuk rasa syukur kito inggih meniko tetap nglampahi perintah perintahipu Allah lan nebihi sedoyo larangan larangan Allah SWT.
Hadirin jamaah juma’at ingkang berbahagia.
Kito sakmeniko sampun mlebet Sasi Dlulhijjah,salah satu saking sasi ingkang mulyo.Dimana kesaenan kesaenan wonten ing wulan meniko dilipatgandakan .Saking mulyanya sehingga Allah bersumpah wonten ing Surat Al-Fajr.
والفجر وليال عشر       demi Fajar,demi malam yang sepuluh.Inggih meniko malam sepuluh dibulan Dzulhijjah.
Diriwayatkan dalam hadits bahwa Allah memilih 3 peristiwa di  tanggal  puluhan :
Pertama : Sepuluh terakhir di bulan romadlon,sebab wonten ing sepuluh terahir bulan romadlon niki wonten keberkahan malam lailatul qodar.
Nomor kale : Sepuluh Muharram,sebab wonten ing wulan niki wonten keberkahan hari Asyura’.
Ingkang nomor 3 : Sepuluh bulan Dzulhijjah .Sebab wonten ing wulan meniko wonten hari tarwiyah (8 Dzulhijjah),hari Arafah (9 Dzulhijjah),Penyembelihan hewan qurban,Bacaan Talbiyah,haji dan berbagai bentuk ibadah yang lain.
Kados hadits meniko :
ان الله يباهى ملائكته فيقول انظروا الى عبادى حيث جاؤ من كل فج عميق شعثاغبرا ليشهدوا منافع لهم اشهدوا ياملائكتى اني قدغفرت لهم
Artinya : Sesungguhnya Allah Membanggakan kepada malaikat,seraya berfirman ” Lihatlah hamba-hambaku mereka datang dari berbagai penjuru yang jauh ,mereka terlihat berdebu (karena perjalanan jauh yang mereka tempuh) supaya mereka menyaksikan berbagai manfaat bagi mereka.Maka saksikanlah wahai para malaikatku sesungguhnya aku telah menagmpuni mereka.


Hadirin jamaah juma’at ingkang berbahagia.
Kemulyaan wulan meniko kathah sanget .Diriwayataken saking Ibnu Abbas ra. Saking Rosululloh SAW. Beliau ngendiko :
1.     Hari pertama ,Tanggal 1 dzulhijjah Allah memberikan ampunan kepada Nabi Adam As.Sinten kemawon ingkang puasa wonten ing tanggal niku monggko Allah bakal mengampuni sedoyo dosa-dosane.
2.     Tanggal 2 dzulhijjah Allah ,Allah mengabulkan do’a nabi Yunus As.Allah ngedalaken nabi Yunus saking madarane Ulam.Sinten ingkang puasa wonten ing dinten niku mongko tiang niku kados ibadah setunggal tahun,lan boten  wonten maksiat dateng Allah.
3.     Hari ketiga (3 dzulhijjah Allah mengabulkan do’a nabi Zakaria .Sinten mawon ingkang berdo’a wonten ing dinten niku mongko Allah bakal mengabulkan doanya.
4.     Hari keempat tanggal 3 dzulhijjah , Nabi Isa As. Dilahirkan ,Sinten mawon ingkang purun puasa wonten ing dinten niku maka Allah bakal ngicalaken penyakit lan kefakiran saking piyambake.lan benjeng dinten kiamat bakal dikempalaken kale tiang tiang ingkang sae .
5.     Hari ke 5 (tanggal 5) dzulhijjah  ,Nabi musa As. Dilahirkan ,sinten mawon ingkang puasa wonten ing dinten niku maka piyambake terbebas saking kemunafikan /terbebas saking siksa kubur.
6.     Hari ke enam (tanggal 6) dzulhijjah Allah maring kemenangan dateng para Nabinya . sinten mawon ingkang puasa wonten ing dinten niku maka Allah melihatnya dengan penghlihatan penuh rahmat,Allah boten menyiksa selamanya .
7.     Hari ke tujuh (tanggal 7 Dzulhijjah) ,pintu pintu jahannam ditutup lan boten dibuka ngantos tanggal  10 Dzulhijjah. sinten mawon ingkang puasa wonten ing dinten niku maka 30 kesulitan akan ditutup oleh Allah lan 30 kemudahan akan dibuka.
8.     Hari kedelapan (tanggal 8 Dzulhijjah) ingkang diwastani hari Tarwiyah. sinten mawon ingkang puasa wonten ing dinten niku maka Allah akan memberikan yang banyak yang hanya Allah yang mengetahuinya.
9.     Hari ke 9 (Tanggal 9 Dzulhijjah ) ingkang diwastani hari Arofah. sinten mawon ingkang puasa wonten ing dinten niku maka puasa niku saget melebur semua dosa  setahun yang berlalu dan melebur dosa setahun yang akan datang.
10.                        Hari ke ssepuluh (Tanggal 10 Dulhijjah) ,inggih meniko hari raya Qurban,Sinten mawon ingkang saget taqorrub kepada Allah kanti melaksanakan penyembelihan qurban,maka dengan tetesan pertama dari darah hewan qurban itu ,Allah bakal mengampuni dosa-dosanipun lan mengampuni dosa-dosa keluargane.Sinten mawon ingkang maringi nedho tiang mukmin atau bersedekah pada hari itu maka Allah membangkitkannya benjeng dinten kiamat kanti Aman lan timbangan amal saenipun luwih abot tenimbang gunung uhud. ( Kitab Majalis).
Hadirin jamaah juma’at ingkang berbahagia.
Kemulyaan kemulyaan ingkang kathah meniko minongko Rahmat lan kasih sayangipun Allah dipun paringaken dateng kito sedoyo ,supados kulo panjengan sedoyo dados menungso ingkang slamet wonten ing dunya lan akhirat.Mugi mugi kito saget nglampahi ibadah ibadah meniko kanti sak sae saenipun amin ya robbal alamin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ اْلكَرِيْمِ$ وَنَفَعَنِي وَإِيَّا كُمْ بِااْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ $إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْم


Konten artikel berkwalitas

  Mediakonten.id adalah perusahaan yang bergerak dalam bidang penyediaan jasa artikel SEO berkualitas yang telah dipe...