Jumat, 26 Juli 2019

KHUTBAH HARI RAYA IDUL ADHA



(الخطبة الأولى)
الله أكبر  الله أكبر  الله أكبر  * الله أكبر  الله أكبر  الله أكبر *  الله أكبر  الله أكبر  الله أكبر  * الله أكبر كبيرا والحمدلله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا لااله الاالله وحده . صدق وعده . ونصر عبده . وأعز جنده . وهزم الأحزاب وحده . لااله الله ولانعبد الااياه . مخلصين له الدين ولوكره الكافرون . ألحمد لله الذى أنعم عباده بنعم لاتعد ولاتخصى . وأشكره على عطائه وفضيلته التى لا تستقصى . أشهد أن لااله الاالله وحده لا شريك له شهادة تنجى قائلها من نار لظى . واشهد أن سيد نا محمدا عبده ورسوله النبى المصطفى . اللهم فصل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه ذوى الهدى . أمابعد
فباعبادالله ! اتقواالله تعالى واعلموا ان يومكم هذا يوم عظيم . يوم ابتلى الله ابراهيم عليه السلام بالأمر بذبح ابنه فصبر وامتثل فجعل الله جزاءه الحسنى.

Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Wonten kesempatan ingkang sahe puniko, monggo kito sareng sareng ningkataken anggen kito taqwo dateng ngerso dalemipun Alloh SWT,  kanti senantiasa berusaha nglaksanaaken printah printahipun,  lan nilar soho nebihi awisan awisanipun, sebab taqwo meniko merupakan kunci kebahagiaan, kunci keslametan, lan kunci kesuksesan kito, baik dunyo maupun akhirat, lan kanti taqwo kito sedoyo bade dipun paringi drajat ingkang luhur, lan bade angsal prediket luwih mulyo mulyoni menungso.

ان اكرمكم عندالله اتقاكم
 Ingkang artosipun kirang langkung :
Ing setuhune luwih mulyo – mulyo siro kabeh mungguhe allah yo iku luwih taqwo – taqwone siro kabeh
Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Al hamdulillah kito sedoyo saat meniko tasek dipun paringi tambahe umur, sehinggo kito sedoyo saged nemuni wulan Dzul hijjah, wulan ingkang saged dipun wastani kalian wulan besar lan wulan qurban, wulan ingkang istimewa, wula ingkang termasuk kalebet wulan wulan ingkang mulyo ingkang sampun di pun terangaken wonten ing Al qur’an, inggih puniko wulan Syawal,Dzulqo’dah, rojab, lan wulan niki, inggih puniko wulan Dzulhijjah.
Salah setunggalipun bukti beleh wulan Dzulhijjah termasuk wulan ingkang istimewa, inggih puniko wulan Dzulhijjah gadahi amalan amalan ingkang istimewa, ingkang boten kito temoni wonten ing wulan wulan lintu, ing antawisipun ibadah haji, ibadah qurban,puasa tarwiyah, lan puasa arofah lan lintu lintunipun.
Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Wonten kesempatan idul adha puniko, saklintunipun kito ngegungaken kanti maos takbir, tahlil, lan tahmid serto nyembelih hewan korban, monggo kito sareng sareng mengambil sebuah hikmah ingkang terkandung wonten hari raya idul adha meniko, kanti  kito enget sejarahipun nabiyulloh ibrahim as lan keluarganipun, banjur kito dadosaken suri tauladan wonten ing kehidupan sehari, keranten ketauladan nabiyulloh ibrohim as lan keluarganipun sampun jelas lan sampun gamblang di pun terangaken wonten ing Al qur’an :
قد كانت لكم اسوة حسنة فى ابراهيم والذين معه ( الممتحنة : 4)
Ingkang artosipun kirang langkung :
Temen temen wes ono kanggo siro kabeh suri tauladan ingkag bagus ingdalem nabi ibrahim lan wong wong kang nyertani nabi ibrahim.
Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Saking ayat meniko sampun jelas, bilih nabi ibrahim lan tiyang tiyang ingkang nyertani nabi ibrahim as, inggih meniko qoumipun lan keluarganipun.termasuk suri tauladan ingkang patut kito dadosaken pegangan wonten ing kehidupan sehari hari.
Termasuk salah setunggalipun sejarahipun nabi ibrahim ingkang patut kito dadosaken suri tauladan ingkang bagus, inggih meniko, wontenipun peristiwa ingkang dipun alami nabiyulloh ibrahim wakdal dipun uji deneng alloh, ngantos pundi to’atipun, ngantos pundi imanipun, lan ngantos pundi kesabaranipun .anggene ngelaksana`aken printahipun allah ingkang arupi nyembelih putro ingkang dipun cintai, putro ingkang paling di kasihi, ingkang asmo isma’il as,
Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Keranten nabiyulloh ibrahim gadahi kesabaran lan iman ingkang kuat, serta di dukung kalian cinta dateng ngersane Alloh, akhiripun nabiyulloh Ibrahim bade nglaksanaaken printahipun Alloh kanti sabar lan boten enten keragu raguan, ananging senaoso printah saking ngersani Alloh, nabi Ibrahim boten  main otoriter, boten main pekso dateng nabi Isma’il, ananging nabi ibrahim taren rumiyen dateng putranipun, hal meniko sesuai kalian dawuhipun Alloh wonten ing al qur’an
قال يا بني انى أرى فى المنام أنى أذبحك فانظر ما ذا ترى ؟ ( الصفت : 102)
Ho anak angger ingsun sa’temene ingsun dipun printah deneng Alloh ing dalem ngipi supados nyembelih sliramu, coba angen angenen kepiye menurut pendapatmu.
Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Keranten nabiyulloh isma’il putro ingkang sholih, putro ingkang berbakti dateng tiyang sepahipun lan dateng alloh Swt, berkat didikan saking tiyang sepahipun, lajeng nabiyulloh isma’il jawabi kanti tegas:
قال ياأبت افعل ما تؤ مر ستجدوني ان شاءالله من الصا برين.   ( الصفت : 102)
Ho romo ingsun, mugi jenengan nindaaken nopo ingkang di pun perintahaken, mugi mugi panjenengan nemoni kulo termasuk tiyang tiyang ingkang sabar.

Keranten kekuatan iman, kesabaran serto cintanipun nabiyulloh ibrahim dateng Alloh, serto pasrahipun nabiyulloh isma’il kanti ikhlas, mongko nabiyulloh ibrahim lan keluarganipun saged lulus saking ujian. Lan dipun paringi anugrah saking alloh swt, sehinggo nalikani pedang sampun nemplek wonten gulunipun nabi isma’il, Alloh swt printah dateng malaikat jibril supados ganti kelawan mendo saking suwargo.
Dawuhipun Alloh :                             ان هذا لهو البلاء المبين . وفديناه بذبح عظيم ( الصفت : 107 )
Ingkang artosipun kirang langkung :
Saktemene iki yekti cobo ingkang nyoto lan ingsun  tebus kanti sesembelihan ingkang agung.
الله أكبر  الله أكبر  الله أكبرولله الحمد 
Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.

Saking kisah nabiyulloh ibrahim as lan kelurganipun meniko saged kito ambil sebuah hikmah:
  1. Sedoyo tiyang bade mengalami ujian atawin cobaan, boten pandang niku sugeh atawin mlarat, boten pandang niku rakyat atawin pejabat, boten pandang tiyang ingkang gadahi iman atawin boten, tiyang ingkang sholih atawin boten, tiyang sahe atawin awon, sdoyo bade angsal ujian atawin cobaan saking ngersanipun Alloh, malah cobaan ingkang menimpa dateng tiyang ingkang sholeh, tiyang ingkang sahe malah luwih berat,
اشد الناس بلاء الأنبياء ثم الصالحون ثم الأمثل فالأمثل . الحديث اوكما قال رسول الله صلى الله عليه وسلم .
Ingkang artosipun kirang langkung :
Luweh sanget sangete menungso ingkang oleh coba inggih meniko poro nabi, nuli wong wong sholih, nuli wong wong ingkang sa’wuselan sa’wuse.
Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Katah tiyang ingkang gadahi anggapan, bilih cobo ingkang dipun paringaken Alloh wonten dunyo puniko namug hal hal ingkang boten enak kemawon, kados kesengsaraan, kemelaratan, lan kesusahan, ananging anggapan ingkang kados mekaten meniko boten tepak, ingkang leres inggih meniko, sdoyo ingkang dipun paringaken allah dateng kito, baik niku eco atawin boten, baik arupi sugih dunyo atawin fekir, baik kebungahan atawin kesusahan, meniko sedoyo merupakan coba kangge kito sedoyo, kito saged sabar atawin boten nalikani dipun paringi kemlaratan,? kito tasik saged to’at ibadah dateng ngersanipun Alloh atawin boten nalikone kito dipun paringi kebungahan lan dipun paringi dunyo ingkang katah. Kito saged to’at, syukur atawin boten nalikane kito dipun paringi  kesehatan lan di paringi umur ingkang dowo denng allah ta`ala.
Alloh swt sampun dawuh wonten ing Al Qur’an:
ونبلوكم بالشر والخير فتنة.
Ingkang artosipun kirang langkung :
Lan ingsun bakal nguji  siro kabeh kelawan keelean lan keapi’an kanti ujian ingkang tenanan
Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
  1. kito angsal cinta, remen dateng sinten kemawon, kito angsal cinta lan remen dateng anak, anananging sampun ngantos ngalahaken cinta kito, remen kito dateng ngersanipun Alloh swt, cinta lan remen kito dateng Alloh kedah unggul lan ngalahaken cinta kito dateng anak lan lintu lintunipun, walaupun toh kanti berkorban jiwo maupun rogo, sampun ngantos keranten anak keranten keluargo, keranten bondo, kito terus ninggalaken to’at, ibadah lan eleng dateng ngersanipun Alloh
يا ايها الذين امنوا لاتلهكم أموالكم ولا أولادكم عن ذكر الله . ومن يفعل ذلك فاؤلئك هم الخاسرون .
Ingkang Artosipun kirang langkung :
He wong wong kang podo iman ojo nganti bondo lan anak anak siro kabeh nglalekno saking eleng dateng Alloh. Lan sopo wonge ingkang nglakoni mengkono mongko wong wong iku termasuk won wongkang rugi.
الله أكبر  الله أكبر  الله أكبرولله الحمد 
  1. Kito sebagai tiyang sepah kedah berusaha sekuat tenaga anggenipun didik lan ngarahaken putro putri kito kanti ilmu agama ingkang semporno, kanti kito arahakan ten majlis majlis ta’lim, kanti kito arahaken ten pondok pesantren, lembaga pendidikan ingkang berbasis agama lan lintu lintunipun. Sehinggo mugi mugio kanti mekaten putro lan putri kito saged dados putro lan putri ingkang sholih lan sholihah, ingkang berbakti dateng tiyang sepahipun, lan berguno dateng agomo,bongso lan negoro.

Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Lebih lebih wonten zaman sa’mangke, zaman ingkang kebudayaan barat sampun merambah dateng masyarakat luas, sampun merasuki pemikiran lan pergaulanipun masyarakat, khususipun generasi muda, putro lan putri panjenengan sedoyo. Mulo saking puniko kito sebagai tiyang sepah kedahprihatin,kuatir lan kedah memperhatoskan pergaulan lan pendidikanipun kanti estu, sampun ngantos putro lan putri kito dados tiyang ratanan, tiyang ingkang boten semerap pundi perkawis ingkang awon lan pundi perkawis ingkang sahe, sampun ngantos putro putri kito boten saged milah lan milih pundi perkawis engkang bermanfaat lan pundi perkawis ingkang boten enten manfaatipun. Sampun ngantos putro lan putri kito boten saged bedaaken pundi ingkang tontonan lan pundi ingkang tuntunan.

Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Putro lanputri kito merupakan generasi penerus kito sedoyo, tiyang ingkang bade kito arep arep dungonipun nalikane kito sampun smare wonten ing alam qubur, mulo saking puniko sepindah malih monggo kito perhatosaken pendidikan putro lan putri kito, lebih lebih pendidikan agami ingkang saged dadosaken kito, lan keluarga kito slamet mulai dunyo ngantos ing akhirot.

Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Ingkang terakhir, monggo kito tansah ningkataken cinta lan remen kito dateng ngersanipun Alloh SWT, kanti senantiasa to’at lan sabar nindaaken printah printahipun,lan nilar perkawis ingkangdados laranganipun, sebab kanti raos cinta,raos remen , kito sedoyo bade saged nglampahi printahipun printahipun Alloh lan ninggal laranganae Alloh kanti ikhlas, lan kanti raos cinta lan remen dateng ngersanipun Alloh, kito sedoyo saged berkorban jiwo,rogo maupun bondo kangge kepentingan agomonipun Alloh SWT, kados hikmah ingkang saget kito petik saking sejarahipun nabiyulloh ibrahim lan keluarganipun.

Hadirin jama’ah idul adha rohimakumulloh.
Meniko khutbah singkat ingkang saget kaulo sampeaken,mugi mugio saget bermanfa’at kangge kito sedoyo, sehinggo kito saged mengambil hikmah idul adha, kito saged mengambil hikmah sejarahipun nabiyulloh ibrahim as, lan kito saget nerapaken wonten ing kehidupan sehari hari, Amin amin ya robbal alamin.
بارك الله لى ولكم فى القرأن العظيم ونفعنى واياكم بالايات والذكر الحكيم . انه هو البر الرؤف الرحيم . اعوذ بالله من الشيطان الرجيم . انا أعطيناك الكوثر . فصل لربك وانحر . ان شا نئك هوالابتر .
 وقل رب اغفر وارحم وانت خير الراحمين .
 
 


الخطبة الثانية لعيد الأضحى
 ألله أكبر . ألله أكبر . ألله أكبر . ألله أكبر ألله أكبر ألله أكبر.  ألله أكبر
ألله أكبر كبيرا. والحمد لله كثيرا. وسبحان الله بكرة وأصيلا.لأ اله الاالله والله أكبر. ألله أكبر ولله الحمد.
ألحمدلله الذى جعل الأعياد بالأفراح والسرور.وضاعف للمتقين جزيل الأجور.وكمل الضيافة فى يوم االعيد لعموم المؤمنين بسعيهم المشكور.احمده سبحانه من اله اعاد العياد وادخرها بكل عمل مبرور واطال الأجل اليها لينالوا بفضلها جزاءالموفور.أشهد أن لااله الاالله وحده لاشريك له العفو الغفور.  وأشهد أن سيد نا محمدا عبده ورسوله الذى نال من ربه ما لم ينله مقرب ولارسول مطهر مبرور .اللهم صل وسلم على سيد نا محمد النبي الأمى وعلى ا له واصحابه الذ ين كانوا يرجون تجارة لن تبور. وسلم تسليما كثيرا.
أما بعد : فيا أيها الأخوان اتقواالله واعلموا يااخوانى رحمكم الله ان يومكم هذا يوم عظيم. يتجلىالله فيه علىعباده من كل مقيم ومسافر. فيباهى لكم ملا ئكته وأنتم مكبرون فيه اظهارا لشعائره فى كل مكان طاهر فقال الله تعالى ولم يزل قائلا عليما ان الله وملائكته يصلون على النبى ياأيهاالذ ين أمنوا صلوا عليه وسلموا تسليما اللهم صل وسلم على سيد نا محمد وعلى اله وصحبه والتابعين. وارض عنهم برحمتك ياأرحم الراحمين.اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات والمسلمين والمسلمات ألأحياء منهم والأموات انك سميع قريب مجيب الدعوات اللهم اصلح أئمتنا وامتنا وقضاتنا وعلمائنا وفقهائنا ومشايخنا صلاحا تاماعاما. واجعلنا من عبادك الصالحين وزمرة الأتقياء السالمين الفائزين فى الدارين . امين . يا رب العالمين. اللهم انصر من نصر الدين واخذل من خذل الدين . اللهم اكفنا شر الظالمين واكفنا شر الحاسدين.ربنا اغفر لنا ولأخوانناالذ ين سبقون بالأ يمان ولا تجعل فى قلو بنا غلا  للذ ين امنوا ربنا انك غفور الرحيم. ربنا اتنا فى الدنيا حسنة وفى الأخرة حسنة وقنا عذاب النار.
عبادالله ان الله يأمربالعدل والاحسان وايتاء ذىالقربى وينهى عن الفحشاء والمنكر والبغي, يعظكم لعلكم  تذ كرون. واسألوه من فضله يعطكم ويهد كم  ولذ كرالله اكبر.  

Rabu, 24 Juli 2019

HAJI MABRUR


Haji Mabrur
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ  اللهِ وَبَرَكَاتُهْ
اَلْحَمْدُ ِللهِ  اَلْحَمْدُ ِللهِ  الَّذِي جعل الحج الى بيته الحـرام  من أركان َاْلإِسْـلاَمِ* أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ   المـلـك الـقــدوس الســلام * وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صــاحـب المــقـام وخـاطب الأمم *  أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ * صَلاَةً تَشْفِيْنَابِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ* وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ* أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ* تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ* فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ  : أَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ولوا ان اهل
 القري امنوا واتفوا لفتحنا عليهم بركات من السماء والارض ولكن كذبوا فاخذناهم بما كانوا يكسبون


Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Monggo kito sami sareng2 netepi taqwa lan taat dateng ngersanipun Allah SWT ,kanti nglampahi sedoyo kewajiban-kewajiban ingkang sampun disyariatataken arupi sholat lima waktu lan lintu2 nipun,ugi nilar lan nebihi sedoyo larangan2 Allah SWT.Sebab kanti taqwa meniko insyaallah Allah akan menurunkan rohmatNya .sehingga dadosaken gesang kito wonten dunyo meniko gesang ingkang bahagia ,cukup sandang pangan,makmur.Dalam alqur’an diterangaken ,beleh seandainya sedoyo penduduk desa niku beriman lan bertaqwa mongko Allah SWT. bakal mbuka barokahipun deso meniko saking langit lan bumi .ananging karena perbuatan manusia sendirilah sehingga Allah menurunkan adzab dan siksanya.
Kados dawuhipun Allah SWT.
ولوا ان اهل القري امنوا واتفوا لفتحنا عليهم بركات من السماء والارض ولكن كذبوا فاخذناهم بما كانوا يكسبون   
Artinya : Dan sekiranya penduduk negeri beriman dan bertakwa, pasti Kami akan Melimpahkan kepada mereka berkah dari langit dan bumi, tetapi ternyata mereka mendustakan (ayat-ayat Kami), maka Kami Siksa mereka sesuai dengan apa yang telah mereka kerjakan.
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,
Saudara-saudara kito wonten ing lombok sak meniko mengalami musibah arupi gempa ,sehingga kathah saudara-saudara kito ingkang meninggal,kathah ingkang kehilangan keluarga bahkan ingkang paling kathah inggih meniko kehilangan rumah dan tempat tinggal.Kito doa kan mugi mugi sedoyo sederek kito wonten ing Lombok diparingi kesabaran,ingkang kehilangan tempat tinggal segera angsal ganti ingkang sae. Lan segera bebas saking bencana meniko.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Menawi kito ningali sejarah umat umat zaman dulu bele adanya musibah ,bencana adalah karena perbuatan manusia sendiri .mereka jauh dari Allah mereka tidak mau mentaati perintah Allah dan Rosulnya ,bahkan mereka musyrik pada Allah.adanya gempa dan bencana yang terjadi di Lombok ,monggo kito dadosaken peringatan ,kito dadosaken tadzkiroh ,kito dadosaken pengiling bele kalau Allah menghendaki sesuatu terjadi  pasti akan terjadi mumpung musibah meniko mboten menimpa dateng kito sedoyo ,mugi2 mawon mboten terjadi ten daerah kito .dan tidak menutup kemungkinan itu bisa terjadi sebab menurut informasi dari ahli Badan meteorology dan geofisika bahwa pulau Indonesia mulai dari sumatera sampai papua meniko dikelilingi titik titik api yang menjadi penyebab adanya gempa.pramilo supados gempa bencana itu tidak terjadi didaerah kito monggo kito segera bertaubat ,kanti ngatah ngatahaken maos istighfar,kanthi memenuhi sedoyo kewajiban2 syariat agami lan ninggalaken larangan-larangan agami.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Sakmeniko kito taseh wonten ing wulan dzulhijjah ,wulan haji.kito dunga sareng sareng mugi mugi Derek Derek kito ingkang sampun nglampahi haji dipun paringi haji ingkang mabrur ,lan ingkang dereng berangkat mugi mugi mawon diparingi enggal enggal saget berangkat.berkaitan kaleh haji ingkang mabrur ,meniko wonten cerios mekaten.Dipun ceritaaken dening Syeh Abu Abdurrahman Abdullah bin Al-Mubarok al Hanzhali .ingkang terkenal naminipun ibnul Mubarok.Sak sampunipun piyambake nglampahi ritual ibadah haji ,piyambake tertidur bermimpi ningali malaikat turun saking langit ,beliau mirengaken percakapane 2 malaikat niki.piyambake naangis kanti sanget  ,sebab kepireng percakan niku. terose malaikat niku wau bele  sedoyo tiang ingkang haji niki boten wonten ingkang ditrami.namung setunggal tiang ingkang ditrami hajinipun (mabrur) tiang niki dereng berangkat haji.Tiang niku namine sa’id bin muhafah seorang tukang sol sepatu wonten ing kota Damaskus syiria.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Saksampunipun nglilir ibnu mubarok wangsul tapi boten ten griyo nanging menuju syiria madosi tukang sol sepatu niku wau.Sedoyo tukang sol sepatu ditangleti nopo wonten ingkang namine Said bin Muhafah boten wonten ingkang semerap,akhire tiange kepanggeh wonten ing pinggiran kota.begitu kepangge ditangleti jawabe tukang sepatu niku “panjenengan niku ulama’ terkenal lanopo kok manggei kulo yang hanya seorang tukang sepatu ingkang mekaten “.Ibnu mubarok nyritaaken mimpine kolo wau.Kulo kepingin semerap panjenengan niki gada amalan nopo wong dereng berangkat haji kok sampun angsal pahala haji mabrur.Akhire said bin muhafah bercerita.Bele setiap ,musim haji meniko said bin muhafah menangis kepingin berangkat haji nanging boten gadah arto damel berangkat ,sejak niku pyambake menyisihkan hasil kerja sol sepatu ,sedikit demi sedikit sampai puluhan tahun akhire terkumpul arto 350 dirham sampun cekap kangge berangkat haji.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Piyambake sampun siap berhaji nanging boten sios berangkat sebab garwane lagi hamil lan nyidam,.garwane niki mambu masakan ingkang harum lan enak ,Said bin muhafah  dikengken madosaken masakan lan nyuwun sekedik masakan niku wau .begitu dipadosi ternyata masakan niki saking gubuk ingkang reyot wonten ing pinggir deso. ing gubug niku Wonten seorang janda lan  yogane jumlae 6  .Said bin muhafah nyuwun sekedik boten angsal.ditumbas  boten angsal ,disade pinten mawon kulo tumbas sebab istri kulo niki nyidam masakane panjenengan,sanjange Said.Nanging tetep boten diparingi.Sambil menangis sang janda niki matur “berapapun tuan tumbas boten kulo sade ,sebab masakan daging niki halal kangge kulo tapi haram kangge panjenegan”.Lanopo ?” sebab sampun pinten pinten dinten niki kulo boten nedo amergi  boten gada nopo2.lha niki wau wonten keledai mati kulo pundut daginge sekedik kulo masak ,menawi boten nedo niki kulo lan anak2 kulo bakal mati kelaparan.mulane masakan niki halal kangge kulo nanging haram kangge panjenengan.Saksampunipun kepireng cerios niku said bin muhafah langsung mantuk lan  memasak lajeng diparingaken dateng  janda niki ,ugi arto ingkang badhe damel berangkat haji meniko diparingaken sepindah kersane didamel modal damel usaha.
Jamaah jum’at ingkang berbahagia .
Senaoso said meniko dereng berangkat haji ananging sampun angsal pahala haji ingkang mabrur. Said bin muhafah meniko nglampahi kesaenah ingkang sampun sesuai kale Dawuhipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.
وَعَنْ جَابِرٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ  عَنْ رَسُوْلِ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ  قَالَ: َالْحَجُّ الْمَبْرُوْرُ لَيْسَ لَهُ جَزَاءٌ اِلاَّ الِجَنَّةَ. قَالُوْا : يَا رَسُوْلُ اللهِ, مَا بِرُّ الْحَجِّ؟ قَالَ: اِطْعَامُ الطَّعَامِ , وَاِفْشَاءُ السَّلاَمِ خَرَجَهُ اْلأِمَامُ أَحْمَدُ  
Hadits dipun Riwayataken saking sahabat  Jabir saking Rasulullah Sallallahu ‘alaihi wa sallam, panjenenganipun dawuh  :“Hajji mabrur ora ona piwlese kejaba  suarga”
Para shahabat sami tanglet : Duh Rasulullah, menapa  kemabruran hajji punika  ?
Rasulullah njawab: Seneng aweh pangan lan  nyebarake salam. (HR.Imam Ahmad).
Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,  
Kanti cerios mekaten saget kito ambil faidah,
1.     bele kangge tiang ingkang dereng berangkat haji seyogyanya selalu nggada keinginan untuk berhaji,perbanyaklah berdo’a agar bisa berhaji terutama pada musim haji barangkali do’a lan keinginan  meniko panggilan Allah  yang akan terjadi di tahun yang akan datang.
2.     Yang menjadikan haji diterima oleh Allah bukan karena harta yang banyak ,tetapi taqwa lah yang menjadi modal utama untuk menjadi haji yang mabrur.
3.     Bele Bersedekah merupakan kunci  tercapainya segala sesuatu
Mugi2 kito sedoyo dalam pertolongan lan petunjuk Allah sehingga saget nglampai perintah2ipun kanti sampurno.Amin ya robbal alamin



جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ  *  وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ  *  وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ *
 

Konten artikel berkwalitas

  Mediakonten.id adalah perusahaan yang bergerak dalam bidang penyediaan jasa artikel SEO berkualitas yang telah dipe...